Postingan

Geguritan Jawa Tresna Marang Sliramu

Gambar
SLIRAMU Dening: Ema Putri Utami Nyawang esemmu tansah bungah ing ati Nora mung manis disawang Nanging ayune cahyaning rembulan Duh.... pepujaning ati Slira uwes banjur tresna Slira tansah gegulung ombake asmara Nanging rasa tresna iki Amung impen ing sajroning ati Slira uwes dhuwe pangggadheng ing lakumu Nanging tresna iki ora bakal owah Tresna aji lan suci bakal tak gawa tekan pati Tresna mring sliramu Dadi impen ing kalbuku Sumber vidio: https://youtu.be/OUpOj69cloc